Category Archives: Cakepan Tembang Tengahan & Macapat
Sekar Tengahan Pamiwaltung (Dening Sumaryono)
Kidung pangluwar sakehing ribed bendu kang krasa abot ing ati temah pikir anglelara jiwa kagubed ing peteng ginubel ruraha praharaning lampah-laku nyandhet gawe mangu ngruntik jro wardaya
Sekar Tengahan Tebu Kasol (Dening Sumaryono)
Sanggyaning ngaurip satuhu wus tinamtu keh luput yekti apuran ingapuran samya weh aksami marang sasama
Posted in Cakepan Tembang Tengahan & Macapat
1 Comment
Sekar Tengahan Lonthang (Mapag Dina Fitri) Dening Sumaryono
Tapa hayu sajroning wulan ramadhan angadhang rahmat Hyang Manon pinayungan karaharjan pinaringan pangaksama
Sekar Tengahan Wirangrong (Dening Sumaryono)
Dhuh Gusti kang maha asih lumunturna karahayon mring titah paduka kang asampun lirwa ing pakarti supe myang suhing pranatan pinangka pandaming gesang
Posted in Cakepan Tembang Tengahan & Macapat
4 Comments
Sekar Tengahan Balabak (Dening: Sumaryono)
Wong ngaurip elinga marang sadulur nyatane sira tan bakal bisa madeg sajuga buktine saben dina rinaketan mring sasama titahe
Posted in Cakepan Tembang Tengahan & Macapat
4 Comments