Category Archives: Cakepan Tembang Tengahan & Macapat
Sekar Tengahan Girisa (Dening: Sumaryono)
Mangkana jaman kalakyan sarwa-sarwi weh panggodha mrih kapilut karemenan tan eling mring kapitunan semunira sung kamulyan pralambang kridhaning gesang bandha donya den ginulang rebut pangkat kalungguhan
Posted in Cakepan Tembang Tengahan & Macapat
2 Comments
Sekar Tengahan Juru Demung (Dening: Sumaryono)
Lir hapsari tumujwengrat katon mencorong tejayu sinartan esem malatkung sang dyahyu umatur arsa adhuh rama batharagung tuhu putri nandhang brangta lam-lamen mring pepujanku
Sekar Tengahan Candra Purnama (Dening Sumaryono)
Dhuh Kenya kusumaningtyas mung sira kang ngrujit nala gandrung ririh nganyut jiwa kinanthi tembang mrawasa endah edining swasana sineksen candra purnama
Macapat Gambuh Pitutur (Dening: Sumaryono)
Pra taruna kadangku wiwitana karya jroning laku gegamanmu niat suci trusing ati kekanthenan donga hayu sabarana jroning batos
Posted in Cakepan Tembang Tengahan & Macapat
1 Comment