Category Archives: Geguritan
Swara Roga (Dening: Sumaryono)
Pamekas kang sinengker jroning laku, tan kawiyak ing panggraita Mung pengin ayem, nanging keplayu kerem, keselak besus kanyata ora pecus, kelindhih ing atur saklimah, kepidak ing tindak sapecak, kumara aking, marga tan weruh ing rasa, nalar cupet marga tan ngudi … Continue reading
Donga Wasita Adi (Dening: Sumaryono)
Lungid linud lebdaning dhiri moncer tanpa klencer, kleper, klepyar-klepyur tanpa klepas-klepus klisa klisik klintang-klinting klintar-klinter klintingan klintong-klintong tanpa klinthing ananing mung surem, peteng tanpa cahya, padhang tanpa sunar, jingglang tanpa rembulan golekana telenging minangkalbu, upadinen tengaraning ngaurip, pinriha warih kotamaning … Continue reading
Bantala (Guritan katur kagem masyarakat Bantul) Dening: Sumaryono
Horeging bumi mbal-tumimbal, sasat gawe uni manungsa kang kasrekal Bumi langit gonjang-ganjing, Anggonjing samubarang kang sarwa manjing Bengkahing bantala, jugruging wisma, oncating nyawa, pratandha tekaning prahara ruhara Prastawa kang yut-ginayut agawe ati tansaya ciut Apa bakal katekan ujare Mbah Buyut, … Continue reading
Gurit Tembang Ibu Pertiwi (Dening: Sumaryono)
Sunaring sang pradanggapati tansaya surut, nyelaki hancala ing sisih pracima Sinarengan cahya candhik ala kang ungup-ungup, mratandhani tekaning wayah surup
Laku I (Dening Sumaryono)
Esem kecut Rai mbesengut Tangan nyikut Sikil katut Nanging atiku panggah njekut Dawaning ususku Tan kinira sira Dawaning lakuku Tan kinira jaman Ana rupa nggegirisi Angadhang jangkah setyaku Ana swara, mbrebegi kupingku Ana ucap, nedhas balungku kabeh mau mringis, mingis, … Continue reading