Category Archives: Geguritan

Rahsa Jati (Dening: Sumaryono, S.Pd)

Katon sumamburat sang diwangkara, miyak kingkin jroning wardaya Mung wukir sela kang wanteg, tan mobah, mosik, apa maneh molah-malih, nadyan wiramane gangsaran, keprakane tumanggah, geneya tetep panggah tanpa wurung, netepi darmaning atitah ati karep nanging bandhaku cupet, esem kecut, rai … Continue reading

Posted in Geguritan | Leave a comment

Gurit Kembang Kere (Dening: Sumaryono, S.Pd)

Dhek emben kae Dakkirimi kembang tebu Nanging kowe malah mung ngguyu banjur mecucu wusanane mlayu padhakna aku wong bar tangi turu kang arep ngluru, mburu, barang kang kok anggep saru apa ora kleru sapa kang lucu dhek wingi uga dakkirimi … Continue reading

Posted in Geguritan | 1 Comment

Gurit Kaanggit Kanggo Mitra Sarimbit (Dening: Sumaryono, S.Pd)

Mitraku, isih kumleyang ing pandulu rumesep jroning kalbu mbiyen nate bebarengan ing karti ngusada tekaning rejeki nggadhang mulyaning dhiri kanggo netepi urip ing tembe mburi Lha, galo kae… si jantung ati wus kumlawe pindha Kamaratih candrane pasuryan padhang cumlorot tejane … Continue reading

Posted in Geguritan | Leave a comment

Laku Sisa Tatu (Dening: Sumaryono, S.Pd)

Nimas, udan riwis iki minangka luhing tangis nalika langit ora kuwawa mbendung mega mendhung binelah thathit katrajang gludhug datan kendhat barat kliwat nyegat mbebedhag Nimas, ayo bareng bangkit mbradhat rikat mlayu ing laku tinuju nadyan pedhut nglulut prahara sumbar nyenyambar … Continue reading

Posted in Geguritan | 1 Comment

Rupa Sesingidan (Dening: Sumaryono, S.Pd)

Katitik nyata endah lamun tinulat netra nyata ayu yen dinulu gawe padhanging panyawang temah ngungun wewangunan kang samun coba delengan nganggo rasa si rupa kae kebak eri lancip ngendhit clurit njlarit kuping ngrowong mlompong bolong cangkem mblawah nglemah bengkah lambe … Continue reading

Posted in Geguritan | 2 Comments