Mitraku,
isih kumleyang ing pandulu
rumesep jroning kalbu
mbiyen nate bebarengan ing karti
ngusada tekaning rejeki
nggadhang mulyaning dhiri
kanggo netepi urip ing tembe mburi
Lha, galo kaeā¦
si jantung ati wus kumlawe
pindha Kamaratih candrane
pasuryan padhang cumlorot tejane
sumadya sesandhingan klawan Kamajaya pepujane
ya sira kang wus ngiket prajanjen sadurunge
Mitraku,
tansaha kekanthen asta gumolong ing tekad
nadyan krikil-watu ngadhang jangkah sedyamu
nadyan gludhug-thathit kekiter sandhuwuring lakumu
aja wurung satemah bingung
aja loyo banjur nglokro
aja lena ing dhiri lali ing margi
gamanmu ya mung siji
nyawiji ing ati suci tan cidra ing janji
Sumitra,
aku mung bisa memuja
mugya Gusti tan kendhat paring nugraha
slamet raharja kang jinangka
rahayu widada kang kapanggya
lumeber sanggyaning prakanca
Maguwo, 20 Januari 2010