Gurit Kembang Kere (Dening: Sumaryono, S.Pd)

Dhek emben kae

Dakkirimi kembang tebu

Nanging kowe malah mung ngguyu

banjur mecucu wusanane mlayu

padhakna aku wong bar tangi turu

kang arep ngluru, mburu, barang kang kok anggep saru

apa ora kleru sapa kang lucu

dhek wingi uga

dakkirimi kembang kanthil

nanging kowe malah mung mecicil

nggedrug-nggedrugake sikil

karo balangake pentil

dakkira kowe bakal kanthil

jebul malah kenthir

lan dina iki

dakkirimi kembang bangah

jebul kowe malah bungah

ngangah-angah karo nyawurke lemah,

piye ta ki?

O, aku ngerti

sesuk dakgawekne wae kembang lambe

ben saya ngambra-ambra anggonmu nggodhong wuni

yen ngono mengko bakal kewiyak

kowe kuwi isane mung ngecuwis

nganggep wong liya mung arep nguyahi segara

kamangka ora,

ya aku-aku iki mung pengin atur pisungsung

kanggo pepundhenne

kang luwih luhur drajate

e, ya mung kere

apa ta kang bisa kango mere?

Sanggar, 15 April 2007

About Sumaryono

"Berfikir Positif aja ah"
This entry was posted in Geguritan. Bookmark the permalink.

One Response to Gurit Kembang Kere (Dening: Sumaryono, S.Pd)

  1. berta kasih hatta (XB) no:10 says:

    geguritan ing dhuwur nyeritakake wong sing gaweane celelekan ora isa serius

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

*

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>