Sekar Tengahan Lonthang (Mapag Dina Fitri) Dening Sumaryono

Tapa hayu
sajroning wulan ramadhan
angadhang rahmat Hyang Manon
pinayungan
karaharjan
pinaringan pangaksama Continue reading

Posted in Cakepan Tembang Tengahan & Macapat | 11 Comments

Sekar Tengahan Wirangrong (Dening Sumaryono)

Dhuh Gusti kang maha asih
lumunturna karahayon
mring titah paduka kang asampun
lirwa ing pakarti
supe myang suhing pranatan
pinangka pandaming gesang Continue reading

Posted in Cakepan Tembang Tengahan & Macapat | 4 Comments

Sekar Tengahan Balabak (Dening: Sumaryono)

Wong ngaurip elinga marang sadulur
nyatane
sira tan bakal bisa madeg sajuga
buktine
saben dina rinaketan mring sasama
titahe Continue reading

Posted in Cakepan Tembang Tengahan & Macapat | 4 Comments

Sekar Tengahan Girisa (Dening: Sumaryono)

Mangkana jaman kalakyan
sarwa-sarwi weh panggodha
mrih kapilut karemenan
tan eling mring kapitunan
semunira sung kamulyan
pralambang kridhaning gesang
bandha donya den ginulang
rebut pangkat kalungguhan Continue reading

Posted in Cakepan Tembang Tengahan & Macapat | 2 Comments

Sekar Tengahan Juru Demung (Dening: Sumaryono)

Lir hapsari tumujwengrat
katon mencorong tejayu
sinartan esem malatkung
sang dyahyu umatur arsa
adhuh rama batharagung
tuhu putri nandhang brangta
lam-lamen mring pepujanku Continue reading

Posted in Cakepan Tembang Tengahan & Macapat | Leave a comment