Rahsa Jati (Dening: Sumaryono, S.Pd)

Katon sumamburat sang diwangkara,

miyak kingkin jroning wardaya

Mung wukir sela kang wanteg,

tan mobah, mosik, apa maneh molah-malih,

nadyan wiramane gangsaran,

keprakane tumanggah,

geneya tetep panggah tanpa wurung,

netepi darmaning atitah

ati karep nanging bandhaku cupet,

esem kecut, rai aclum kesiwal pangucapmu,

kang tanpa taha ngumbar wadining warana jati,

reyah-reyoh nglelingsemi,

keladuk wani tan eling ing wirahsa

Nanging sun ra bisa dora,

ati iki tan bisa selak,

runtiking asmara

tumlawung ing awang-uwung,

tumurun ing rahsa jati,

jati-jatining pemarem

Sanggar Badran, 5 Oktober 2006

(Kapacak ing Kalawarti Djaka Lodang, Sabtu Wage, 7 Maret 2009 Edisi 40)

About Sumaryono

"Berfikir Positif aja ah"
This entry was posted in Geguritan. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

*

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>