Sekar Tengahan Girisa (Dening: Sumaryono)

Mangkana jaman kalakyan
sarwa-sarwi weh panggodha
mrih kapilut karemenan
tan eling mring kapitunan
semunira sung kamulyan
pralambang kridhaning gesang
bandha donya den ginulang
rebut pangkat kalungguhan

den elinga mring Pangeran
tanna kang mukti sanyata
asalira das wangsul das
mulanira nora nana
temah dadya wong sanyata
bali ing kamulanira
bandha donya tan ginawa
pangkat semat tan piguna

yen sira wus wruh ing rasa
nengdi ta papane mulya
bandha minangka sandhangan
pangkat minangka gegaman
lha isine golekana
urip pati siji nyata
jodho rizki wus tinata
mulane aywa kagetan

becik ngupayaa marga
alus gangsar kang den puja
padhang jingglang kang den minta
imbangana nggo pandonga
rina wengi sung pambagya
pamuji syukur mring Gustira
dimene mulus lampahnya
karahywan donya akherat

mangertya mring lakunira
panca bekti den estokna
ya kangran sembah lelima
supadya mulus rinasa
sangu mring pisowanira
tumuju ing pangrantunan
dhihin sembah mring atuwa
bebakalira ing donya

kapindho sedulur tuwa
iya kadang sepuhira
katelu myang maratuwa
kapat maring gurunira
pinangka colok obornya
dedamar ngelmu sanyata
kalimane aywa lupta
sembah marang Gustinira

sapa bisa anindakna
karahayon uripira
sampurnakna lelimanya
kanthi sembah papat nyata
sembah raga sembah cipta
sembah jiwa sembah rasa
sembah papat klawan lima
kanggo meper hawa sanga

About Sumaryono

"Berfikir Positif aja ah"
This entry was posted in Cakepan Tembang Tengahan & Macapat. Bookmark the permalink.

2 Responses to Sekar Tengahan Girisa (Dening: Sumaryono)

  1. Ekki Nugrah Syahputra says:

    Mangkana jaman kalakyan
    sarwa-sarwi weh panggodha
    mrih kapilut karemenan
    tan eling mring kapitunan
    semunira sung kamulyan
    pralambang kridhaning gesang
    bandha donya den ginulang
    rebut pangkat kalungguhan

    isi : mengingatkan kita, didunia bnyk godaan. jgn terlalu memikirkan dunia.

    guru gatra : 8
    Guru lagu & guru wilangan :
    8a, 8a, 8a, 8a, 8a, 8a, 8a, 8a,

  2. ichsanudin emzet says:

    ndherek sarujuk wosing pepenget punika, sae sanget…

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

*

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>