Sekar Tengahan Juru Demung (Dening: Sumaryono)

Lir hapsari tumujwengrat
katon mencorong tejayu
sinartan esem malatkung
sang dyahyu umatur arsa
adhuh rama batharagung
tuhu putri nandhang brangta
lam-lamen mring pepujanku

siyang lan ratri rinasa
caket myang wewayangan ngun
nadyan baya nyaru siku
bakal dakadhepi nyata
iku dadya sesantiku
mrih katekaning panjangka
sesandhingan lan wong bagus

dhuh kakang pepujaningwang
timbangana kang kadyeku
tambanana sih brangtiku
leganana larasmara
ya kang tansah angreridhu
gawe oneng jroning manah
lumuh ing karya satuhu

yen adoh karasa cedhak
kempi saben wayah turu
tan gampang yenta kasamun
bebasan goreh ing nala
kalimput kapang mangungkung
dhuh rama iki sanyata
buneg pikir temah kalbu

aywa mangkono wanita
sira dadya putri tuhu
tan becik miyak wadimu
sasabana rasanira
mring pakarti kang ngambarum
yeku rama ngunandika
mring putrinya wanodyayu

About Sumaryono

"Berfikir Positif aja ah"
This entry was posted in Cakepan Tembang Tengahan & Macapat. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

*

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>