Sekar Tengahan Pamiwaltung (Dening Sumaryono)

Kidung pangluwar
sakehing ribed bendu
kang krasa abot ing ati
temah pikir anglelara jiwa
kagubed ing peteng
ginubel ruraha
praharaning lampah-laku
nyandhet gawe mangu
ngruntik jro wardaya

kadyeku dadya
gawe mandheg bebayu
balung rinasa nglolosi
lungkrah lesu emeng jroning manah
mula sabisane
ngupayaa marga
bangkit ulah batin tuhu
kanthi niat estu
mangun luhur budya

titah cinipta
ginaris Gusti tuhu
abang-biru den lakoni
ireng putih denya linampahan
tumuju begjane
bisa antuk apa
bagya mulya apa tatu
nanging kabeh iku
yekti wus tinata

aywa angrasa
bisa mbengkas reretu
reregeding aji dhiri
tanpa adrenging krenteg jiwangga
sedya angluwarke
sagunging lelara
kang nyrimpet nyrimpung nyenyandhung
anggubel anggelung
asung panalangsa

pikir karasa
buneg buntu lan bingung
kabur kumleyang njalari
angga rusak kataman laranya
lah iku becike
padha wigatekna
tan piguna ngumbar pikir bingung
malah mangkin kuwur
temah lampus rasa

About Sumaryono

"Berfikir Positif aja ah"
This entry was posted in Cakepan Tembang Tengahan & Macapat. Bookmark the permalink.

11 Responses to Sekar Tengahan Pamiwaltung (Dening Sumaryono)

  1. Sekar Tengahan Pamiwaltung

    Kidung pangluwar
    sakehing ribed bendu
    kang krasa abot ing ati
    temah pikir anglelara jiwa
    kagubed ing peteng
    ginubel ruraha
    praharaning lampah-laku
    nyandhet gawe mangu

    ngruntik jro wardaya

    Guru Gatra : 9
    Guru Lagu&Guru Wilangan : 5a,7u,8i,10a,6e,6a,8u,6u,7a

  2. Sekar Tengahan Pamiwaltung

    Kidung pangluwar
    sakehing ribed bendu
    kang krasa abot ing ati
    temah pikir anglelara jiwa
    kagubed ing peteng
    ginubel ruraha
    praharaning lampah-laku
    nyandhet gawe mangu

    ngruntik jro wardaya

    Guru Gatra : 9
    Guru Lagu&Guru Wilangan : 5a,7u,8i,10a,6e,6a,8u,6u,6a

  3. Sekar Tengahan Pamiwaltung

    Kidung pangluwar
    sakehing ribed bendu
    kang krasa abot ing ati
    temah pikir anglelara jiwa
    kagubed ing peteng
    ginubel ruraha
    praharaning lampah-laku
    nyandhet gawe mangu
    ngruntik jro wardaya

    Guru Gatra : 9
    Guru Lagu&Guru Wilangan : 5a,7u,8i,10a,6e,6a,8u,6u,6a .

  4. muhammad rasyid maruf xii ips1 says:

    Kidung pangluwar
    sakehing ribed bendu
    kang krasa abot ing ati
    temah pikir anglelara jiwa
    kagubed ing peteng
    ginubel ruraha
    praharaning lampah-laku
    nyandhet gawe mangu
    ngruntik jro wardaya

    guru gatra:9

    guru lagu lan wilangan:5a,7u,8i,10a,6e,6a,8u,6u,6a

  5. maimuna says:

    Kidung pangluwar
    sakehing ribed bendu
    kang krasa abot ing ati
    temah pikir anglelara jiwa
    kagubed ing peteng
    ginubel ruraha
    praharaning lampah-laku
    nyandhet gawe mangu
    ngruntik jro wardaya

    Guru Gatra : 9
    Guru Lagu&Guru Wilangan : 5a,7u,8i,10a,6e,6a,8u,6u,7a

  6. ddyah says:

    Dhuh Gusti kang maha asih
    lumunturna karahayon
    mring titah paduka kang asampun
    lirwa ing pakarti
    supe myang suhing pranatan
    pinangka pandaming gesang

    ket:
    wahai tuhan yang maha pengasih
    hilangkanlah dosa- dosa hamba .
    perintahmuh akan hamba laksanakan
    aminn .

    *bismillah bener v.
    amiiin .

  7. erly says:

    Wong ngaurip elinga marang sadulur
    nyatane
    sira tan bakal bisa madeg sajuga
    buktine
    saben dina rinaketan mring sasama
    titahe

    ket: orang itu dalam hidupnya harus ingat sama saudaranya atau sesamanya

    rampung pag..sekian dan trimakasih.. byeeeee

  8. Jandon, . . says:

    Online pak!!!

  9. maryun says:

    hi,,,hi,,,,,,,,,,apik2,,,,…mangga-mangga

  10. Steve says:

    Online pak!!!

  11. abdisetia says:

    nyuwun sewu umpami kata kulo wonten klintunipun ……semua yng terjadi karna kita dan untuk kita ,,,,intropeksi diri jalan yang lebih utama ,,,,menuju langkah berikutnya,,,,,,hati kunci darisegala kunciyang ada ,,,,,

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

*

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>