Sekar Tengahan Tebu Kasol (Dening Sumaryono)

Sanggyaning ngaurip satuhu
wus tinamtu keh luput yekti
apuran ingapuran samya
weh aksami marang sasama

sedulur akur tangga makmur
kabeh nyumadulur mratani
wiwit cilik ageng sanyata
enom tuwa tan ana beda

kang adoh tansaya anglulut
teges cedhak sajuga rasa
balik kang cedhak saya cerak
manunggal rasa cipta karya

ngancik ing wulan Syawal iku
werdine tumuju mring luwih
bangkit sakabehing pakaryan
mundhak katimbang mangsa lawas

becik bebarengan memayu
amemangun mangulir budi
utamane iku den puja
satemah tekan kang sinedya

aywa pisan lirwa ing wengku
wengkoning urip donya-akhir
iku sinebat wong piguna
kang eling waspadeng lampahnya

About Sumaryono

"Berfikir Positif aja ah"
This entry was posted in Cakepan Tembang Tengahan & Macapat. Bookmark the permalink.

One Response to Sekar Tengahan Tebu Kasol (Dening Sumaryono)

  1. I am really thankful to this topic because it really gives great information `-”

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

*

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>