Sekar Tengahan Wirangrong (Dening Sumaryono)

Dhuh Gusti kang maha asih
lumunturna karahayon
mring titah paduka kang asampun
lirwa ing pakarti
supe myang suhing pranatan
pinangka pandaming gesang

dhuh Gusti kang maha suci
amba wus lumaku awon
nalisir saking pangreh rahayu
tan eling sagunging
dhendha donya lan delahan
kang tikel awrat kasandhang

suwunku mugya weh kardi
kinabulan rahmat onjo
kalis godha rencana reretu
reregeding pikir
tinangsulan tataharja
pinesu karya upaya

kidung wingit panglenggana
kocap katur dadya lakon
rinesep rumasuk sakalangkung
asung merbawani
laku jantrananing manungsa
mecaki lampahing gesang

dongaku karya sesuci
teges eling mring Hyang Manon
bakal dakpuja rinten lan dalu
dadya lakutami
sinartan tumindak nyata
ngenaki sabarang karya

About Sumaryono

"Berfikir Positif aja ah"
This entry was posted in Cakepan Tembang Tengahan & Macapat. Bookmark the permalink.

4 Responses to Sekar Tengahan Wirangrong (Dening Sumaryono)

  1. ghina jenita XI ips 1 says:

    Sekar Tengahan Wirangrong

    .guru gatra ana : 30
    .guru lagu lan wilangan :

    Dhuh Gusti kang maha asih :8i
    lumunturna karahayon :8o
    mring titah paduka kang asampun:10u
    lirwa ing pakarti :6i
    supe myang suhing pranatan :8a
    pinangka pandaming gesang :8a

    dhuh Gusti kang maha suci :8i
    amba wus lumaku awon :8o
    nalisir saking pangreh rahayu :10u
    tan eling sagunging :6i
    dhendha donya lan delahan :8a
    kang tikel awrat kasandhang :8a

    suwunku mugya weh kardi :8a
    kinabulan rahmat onjo :8o
    kalis godha rencana reretu :10u
    reregeding pikir :6i
    tinangsulan tataharja :8a
    pinesu karya upaya :8a

    kidung wingit panglenggana :8a
    kocap katur dadya lakon :8o
    rinesep rumasuk sakalangkung :10u
    asung merbawani :6i
    laku jantrananing manungsa :9a
    mecaki lampahing gesang :8a

    dongaku karya sesuci :8i
    teges eling mring Hyang Manon :8o
    bakal dakpuja rinten lan dalu :10u
    dadya lakutami :6i
    sinartan tumindak nyata :8a
    ngenaki sabarang karya :8a

  2. guru gatra ne : 30
    .guru lagu lan wilangan :
    Dhuh Gusti kang maha asih :8i
    lumunturna karahayon :8o
    mring titah paduka kang asampun:10u
    lirwa ing pakarti :6i
    supe myang suhing pranatan :8a
    pinangka pandaming gesang :8a

    dhuh Gusti kang maha suci :8i
    amba wus lumaku awon :8o
    nalisir saking pangreh rahayu :10u
    tan eling sagunging :6i
    dhendha donya lan delahan :8a
    kang tikel awrat kasandhang :8a

    suwunku mugya weh kardi :8a
    kinabulan rahmat onjo :8o
    kalis godha rencana reretu :10u
    reregeding pikir :6i
    tinangsulan tataharja :8a
    pinesu karya upaya :8a

    kidung wingit panglenggana :8a
    kocap katur dadya lakon :8o
    rinesep rumasuk sakalangkung :10u
    asung merbawani :6i
    laku jantrananing manungsa :9a
    mecaki lampahing gesang :8a

    dongaku karya sesuci :8i
    teges eling mring Hyang Manon :8o
    bakal dakpuja rinten lan dalu :10u
    dadya lakutami :6i
    sinartan tumindak nyata :8a
    ngenaki sabarang karya :8a

  3. Sekar Tengahan Wirangrong

    Dhuh Gusti kang maha asih
    lumunturna karahayon
    mring titah paduka kang asampun
    lirwa ing pakarti
    supe myang suhing pranatan
    pinangka pandaming gesang

    isinya : Bab jalok ngapura marang Gusti Allah supaya slamet rahayu padang kelingsn mring Gusti

    Guru Gatra :6
    Guru lagu& Guru Wilangan :8i,8o,10u,6i,8a,8a

  4. ichsanudin emzet says:

    kula dereng saged nyekar, yasan panjenengan punika sae.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

*

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>